Selasa, 18 April 2017

CONTOH NASKAH MC BAHASA JAWA

Para pembaca yang budiman, dalam kehidupan sehari-hari khususnya yang tinggal di daerah pedesaan dengan adat Jawa sering kali acara-acara adat, acara desa, acara pernikahan, peringatan hari jadi desa dan lain sebagainya dalam pelaksanaannya menggunakan bahasa Jawa, termasuk pembawa acara/MC. Berikut ini adalah salah satu contoh naskah pembawa acara pada acara peringatan Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW




PERINGATAN ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD SAW
MASJID JAMI’


Pra Acara
Sagung para rawuh ingkang kulo hormati, mboten ateges kulo mbucal kamardikan para rawuh samudayanipun, ananging ngengingi wekdal ingkang sampun sawetawis siang pramila pra acara wonten ing enjang punika badhe dipun laksanakaken nun injih kanthi waosan tahlil, ingkang badhe dipun pimpin dening panjenenganipun BP. KH. ………... dumateng Bp. KH. ……….. kita aturi.


Assalamu’alaikum wr.wb.

Bismillah Alhamdulillah.
Assolatuwassalamu’ala asrofil anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in, ama ba’du.
1.   Hadorotalmuhtaromin para alim ulama, sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan.
2.   Wabil khusus dumateng almukarom bp KH. ……………………saking ……………….. ingkang tansah kita tenggo2 pengaosanipun ugi ingkang dahat kinabekten.
3.   Dumateng bp kepala desa kalimeneng dalah perangkatipun ingkang tansah kita hormati.
4.   Segenap jajaran muspika kecamatan kemiri ingkang dahat kinormatan.
5.   Poro hadirin hadirot ingkang boten saget kulo sebat asma karimipun setggl bko setggl ugi ingkang kulo hormati.
a.   Ingkang sepisan monggo kita tansah ngaturaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, hidayah soho inayahipun dumateng kita sedoyo, sahinggo kita saget makempal wonten ing serambi masjid Jami’ kanthi boten wonten aral setunggal punopo.
b.   Pramila monggo kita ikraraken raos syukur  punika kanti kalimatuttahmid sesarengan “alhamdulillahirobbil ‘alamin”.
c.    Sholawat soho salam tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW ingkang kita tengga2 syafaatipun wonten ing donyo dumugi akhirat sak mangke.
d.   Hadirin hadirot ingkang minulyo, keparengo ing mriki kulo ngadeg cumantoko wonten ngarso para rawuh saperlu maosaken  runtuting adicara ing enjang siang punika nun injih adicara pengetan ISRA’ MI’RAJ NABI AGUNG MUHAMMAD SAW”.
e.   Wondene runtuting adicara ingkang badhe kalampah njih punika :
1.   Pembukaan
2.   Waosan ayat suci Al Qur’an
3.   Prakata panitia penyelenggara
4.   Waosan Sholawat Al Barzanzi
5.   Istirahat 1
6.   Sambutan
7.   Pengaosan
8.   Istirahat 2
9.   Do’a Penutup.

1.   Pembukaan
Poro rawuh ingkang kulo hormati, gengingi  wekdal ingkang sampun sawetawis siang, pramilo monggo kita bikak kanthi waosan ummul kitab sesarengan “lirridhoillah walisyafa’ati rosulillahi SAW alfatihah ……”


2.   Waosan ayat suci Al Qur’an
Ndungkap adicara ingkang nomer kalih njih punika waosan ayat suci Al Qur’an, ingkang badhe dipun waos dening panjenenganipun ………………..
Dumateng Bpk/Mas ……….. kita sumanggakaken

3.   Prakata panitia penyelenggara
Maturnuwun kita aturaken dumateng Bpk ……….
Para rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer tiga njih punika prakata panitia penyelenggara,ingkang badhe dipun serirani dening panjenenganipun Bpk………………..
Dumateng Bpk ……….. kita sumanggakaken

4.   Waosan Sholawat Al Barzanzi
Maturnuwun kita aturaken dumateng Bpk ……….
Para rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer sekawan njih punika waosan sholawat Al Barzanzi, ingkang badhe dipun waos dening panjenenganipun Bpk/Mas………………..
Dumateng Bpk/Mas ……….. kita sumanggakaken

5.   Istirahat 1
Maturnuwun kita aturaken dumateng Bpk/Mas ……….
Para rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer gangsal njih punika istirahat. Dumateng para kadang anem karang taruna supados ngayahi punopo ingkang dados jejibahanipun….
Para rawuh ingkang sampun nampi ladosan/hidhangan kita aturi ngrahabi kanthi mardikaning penggalih, ananging ingkang dereng nampi kita aturi nengga sawetawis.

6.   Sambutan
Para rawuh ingkang dirohmati Allah SWT, mboten ateges ngirangi kamardhikan panjengengan, ananging adicara badhe dipun lajengaken. Para rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara ingkang nomer nem nun njih sambutan Camat……… dumateng Bapak……………. Kita sumanggakaken.

7.   Pengaosan
Maturnuwun kita aturaken dumateng Bpk …………. (camat).  Para rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara ingkang nomer pitu nun njih pengaosan ingkang badhe kawedhar sabdokaken dening Almukarom bp KH. Muhammad ……………. saking …………………
Dumateng Almukarom bp KH. Muhammad ……………. Wekdal saha papan kita aturaken.


8.   Istirahat 2
Maturnuwun kita aturaken dumateng almukarom Bpk KH. Muhammad ……
Para rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer wolu njih punika istirahat ingkang kaping kalih. Dumateng para kadang anem karang taruna supados ngayahi punopo ingkang dados jejibahanipun….

9.   Do’a Penutup.
Para rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara ingkang nomer songo nun njih do’a penutup ingkang badhe dipun pimpin dening Bpk. KH. ……… ananging sakderengipun adicara punika kita tutup, mbok bilih anggen kulo maosaken runtuting adicara wonting ing kesempatan punika kula pribadi nyuwun agunging pangapunten dumateng para rawuh samudayanipun. Dumateng Bpk.KH……………. Kita sumanggakaken.
Cekap semanten saking kawulo Wassalamu’alaikum wr.wb.



Demikianlah contoh naskah pembawa acara berbahasa Jawa. semoga bermanfaat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar