Para pembaca yang budiman, dalam kehidupan sehari-hari khususnya yang tinggal di daerah pedesaan dengan adat Jawa sering kali acara-acara adat, acara desa, acara pernikahan, peringatan hari jadi desa dan lain sebagainya dalam pelaksanaannya menggunakan bahasa Jawa, termasuk pembawa acara/MC. Berikut ini adalah salah satu contoh naskah pembawa acara pada acara peringatan Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW
PERINGATAN ISRA’ MI’RAJ NABI MUHAMMAD
SAW
MASJID JAMI’
Pra Acara
Sagung para rawuh ingkang
kulo hormati, mboten ateges kulo mbucal kamardikan para rawuh samudayanipun,
ananging ngengingi wekdal ingkang sampun sawetawis siang pramila pra acara
wonten ing enjang punika badhe dipun laksanakaken nun injih kanthi waosan
tahlil, ingkang badhe dipun pimpin dening panjenenganipun BP. KH. ………...
dumateng Bp. KH. ……….. kita aturi.
Assalamu’alaikum wr.wb.
Bismillah Alhamdulillah.
Assolatuwassalamu’ala asrofil
anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi wasohbihi ajma’in, ama ba’du.
1.
Hadorotalmuhtaromin
para alim ulama, sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan.
2.
Wabil khusus
dumateng almukarom bp KH. ……………………saking ……………….. ingkang tansah
kita tenggo2 pengaosanipun ugi ingkang dahat kinabekten.
3.
Dumateng bp
kepala desa kalimeneng dalah perangkatipun ingkang tansah kita hormati.
4.
Segenap jajaran
muspika kecamatan kemiri ingkang dahat kinormatan.
5.
Poro hadirin
hadirot ingkang boten saget kulo sebat asma karimipun setggl bko setggl ugi
ingkang kulo hormati.
a.
Ingkang sepisan
monggo kita tansah ngaturaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun
paring pinten-pinten rohmat, hidayah soho inayahipun dumateng kita sedoyo,
sahinggo kita saget makempal wonten ing serambi masjid Jami’ kanthi boten wonten aral setunggal punopo.
b.
Pramila
monggo kita ikraraken raos syukur punika
kanti kalimatuttahmid sesarengan “alhamdulillahirobbil ‘alamin”.
c.
Sholawat soho salam tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad SAW ingkang
kita tengga2 syafaatipun wonten ing donyo dumugi akhirat sak mangke.
d.
Hadirin hadirot ingkang minulyo, keparengo ing mriki kulo ngadeg cumantoko wonten
ngarso para rawuh saperlu maosaken runtuting
adicara ing enjang siang punika nun injih adicara
pengetan ISRA’ MI’RAJ NABI AGUNG MUHAMMAD SAW”.
e.
Wondene runtuting adicara ingkang badhe kalampah njih punika :
1. Pembukaan
2. Waosan ayat
suci Al Qur’an
3. Prakata
panitia penyelenggara
4. Waosan
Sholawat Al Barzanzi
5. Istirahat 1
6. Sambutan
7. Pengaosan
8. Istirahat 2
9. Do’a
Penutup.
1. Pembukaan
Poro
rawuh ingkang kulo hormati, gengingi
wekdal ingkang sampun sawetawis siang, pramilo monggo kita bikak kanthi
waosan ummul kitab sesarengan “lirridhoillah walisyafa’ati rosulillahi SAW
alfatihah ……”
2. Waosan ayat
suci Al Qur’an
Ndungkap adicara ingkang nomer kalih njih
punika waosan ayat suci Al Qur’an, ingkang badhe dipun waos dening
panjenenganipun ………………..
Dumateng Bpk/Mas ……….. kita sumanggakaken
3. Prakata
panitia penyelenggara
Maturnuwun kita aturaken dumateng Bpk ……….
Para rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara
ingkang nomer tiga njih punika prakata panitia penyelenggara,ingkang badhe
dipun serirani dening panjenenganipun Bpk………………..
Dumateng Bpk ……….. kita sumanggakaken
4. Waosan
Sholawat Al Barzanzi
Maturnuwun
kita aturaken dumateng Bpk ……….
Para
rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer sekawan njih punika waosan
sholawat Al Barzanzi, ingkang badhe dipun waos dening panjenenganipun Bpk/Mas………………..
Dumateng
Bpk/Mas ……….. kita sumanggakaken
5. Istirahat 1
Maturnuwun
kita aturaken dumateng Bpk/Mas ……….
Para
rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer gangsal njih punika
istirahat. Dumateng para kadang anem karang taruna supados ngayahi punopo
ingkang dados jejibahanipun….
Para rawuh ingkang sampun nampi
ladosan/hidhangan kita aturi ngrahabi kanthi mardikaning penggalih, ananging
ingkang dereng nampi kita aturi nengga sawetawis.
6. Sambutan
Para rawuh ingkang dirohmati Allah SWT,
mboten ateges ngirangi kamardhikan panjengengan, ananging adicara badhe dipun
lajengaken. Para rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara ingkang nomer nem nun
njih sambutan Camat……… dumateng Bapak……………. Kita sumanggakaken.
7. Pengaosan
Maturnuwun
kita aturaken dumateng Bpk …………. (camat). Para rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara
ingkang nomer pitu nun njih pengaosan ingkang badhe kawedhar sabdokaken dening Almukarom
bp KH. Muhammad ……………. saking …………………
Dumateng
Almukarom bp KH. Muhammad ……………. Wekdal saha papan kita aturaken.
8. Istirahat 2
Maturnuwun
kita aturaken dumateng almukarom Bpk KH. Muhammad ……
Para
rawuh ingkang kulo hormati, Ndungkap adicara ingkang nomer wolu njih punika
istirahat ingkang kaping kalih. Dumateng para kadang anem karang taruna supados
ngayahi punopo ingkang dados jejibahanipun….
9. Do’a
Penutup.
Para
rawuh ingkang minulyo, ndungkap adicara ingkang nomer songo nun njih do’a
penutup ingkang badhe dipun pimpin dening Bpk. KH. ……… ananging sakderengipun
adicara punika kita tutup, mbok bilih anggen kulo maosaken runtuting adicara wonting
ing kesempatan punika kula pribadi nyuwun agunging pangapunten dumateng para
rawuh samudayanipun. Dumateng Bpk.KH……………. Kita sumanggakaken.
Cekap semanten saking kawulo Wassalamu’alaikum
wr.wb.
Demikianlah contoh naskah pembawa acara berbahasa Jawa. semoga bermanfaat.